Isih ngocap rasani satriya Kurawa, beda maneh menawa ngandha Raden Dursasana, Satriya Banjarjunut, adhi cer Duryudana kangmase Durmogati, putra Destarata lan Dewi Gendari Suta.
Menawa Durmagati pawakane lemu semu ndhagel, prigel ngolah tembung luwih-luwih menawa nyecenges Sengkuni. Durmogati awake pendeng, uteke rada penceng, gulune mblesek raine ndangak, swarane bindheng, dene Dursasana gagah gedhe dhuwur, brengose sakepel, wok simbar jaja, swarane banter, sora guyune merga sajak kamban cangkeme.
Raden Dursasana duwe sisihan aran Dewi Saltani, lan peputra siji Raden Dursala, sing sektine ngluwihi ramane. Emane Raden Dursala tiwas dening Raden Gatutkaca sadurunge perang brubuh Baratayuda bedhah.
Dursasana utawa Duhsasana (Sansekerta: Duśśāsana), dhapukan Kurawa kang kadunungan sipat adigang adigung adiguna, seneng umuk angedhapruk sundhul ngawiyat, ngilani dayane liyan lan sok murang tata nggonjak saresmi dolanan wanita. Karemane ngombe banyu gendheng, vodka, whyski-cola, elek-eleke anggur cap orang tua kepara menawa ora ana liyane lapen ya kolu. Sumbare kaya mutung-mutungna wesi gligen, dhasare sinisihan bandha turah donya, sugih brahewu, karepe nyawa wae pengin dituku.
Patine Raden Dursasana ing perang Baratayuda, banget nrenyuhake, beda adoh kalayan lelakone kang brasak nyempal tunggak. Sawise lerepe Lesmana Mandrakumara putra Duryudana, sabanjure Dursasana sinengkaake ngaluhur ginadhang nggateake Duryudana ngembani Ngastinadiraja. Dursasana dieman ora oleh maju ayuda, malah Duryudana mapanake Dursasana ing dhampar kaprajan, sinambi ngamping-ampingi njaga Banowati sisihane Duryudana.
Nanging Banowati ora jenjem rasane lan ora tentrem atine, apa maneh ngerti menawa Dursasana watake brangasan, nggonjak cluthak marang sa sapaa wanita. Banowati banjur ngobong atine Dursasana kanthi telahan satriya jiirih wedi getih, Dursasana genten misuhi Banowati minangka mata pitane Pandhawa lan wis tumindak lelemeran slingkuh kalayan Arjuna, buktine Banowati luwih sedhih kelangan patine Abimanyu tinimbang kelangan patine Lesmana, putrane dhewe.
Dursasana saya suwe saya kebrongot atine amerga dicecamah dening Banowati. Kocapa kacarita Dursasana sigra cancut taiwanda sikep maju ngayuda, nggoleki mungsuh pilih tandhing Raden Bima Sena. Ganepe carita Raden Dursasana kalindhih ing yuda, matemah banjur keplayu nggenjrit ndhelik sidheman nyemplung Kali Cing Cing Goling. Bima Sena sedya nyemplung kali Cing-Cing Goling nututi Dursasana, nanging Kresna ngelingake Sena menawa kali Cing- Cing Goling wis di pasangi wirid donga sepata japa mantra ala dening Durna, menawa Pendhawa nyemplung kali Cing-Cing Goling mesthi bakal tumpes kalindhih yudane.
Watak licik Dursasana katon ing crita iki, saben-saben kalah perang kalayan Bima Sena, Dursasana nuli nyemplung kali Cing-Cing Goling, mesthi wae Bima Sena ora wani nututi nyemplung kali wedi kena walat sengker sing dipasang Durna. Ambal-ambalan Dursasana nyemplung kali Cing Cing Goling ngguwang rasa wirang sing penting slamet bisa ngulur nyawa, noya nayu baskara titi mangsa wus tumeka titiwancine sukmane Tarka lan Sarka mbales lara wirang. Tarka lan sarka iku tukang satang paru gethek kali Cing-Cing Goling sing diperjaya Dursasana kango tumbal kurawa. Tarka lan Sarka kaidinan sing murbeng gesang kanggo males lara wirang, utang pati ijol pati, nalika Dursasana diuyak Bima lan arep nyemplung kali Cing-Cing Goling Tarka lan Sarka njegal sikile Dursasana matemah nggeblak dhawah kantaka ing bantala, wurung nyemplung kali. Ing kalodhangan kuwi Bima age-age njambak rambute Dursasana diseret ngedohi kali Cing Cing Goling, banjur didugang, didhupak, dibanting, dicengkiwing, dibuwang persis kaya kesenengane Dursasana nalika nganiaya mungsuhe.
Mirsani adhine kaaniaya dening Bima, Duryudana ora mentala, prasasat tega larane ora tega patine, mula Duryudana ngerih-erih angarih Bima supaya ngeculake Dursasana lan gawe prajanjen menawa Baratayuda dipunggel dina iku uga, sabanjure bakal mbalekake Ngastina lan Indraprasta.
Bima bingung, ewuh aya ing pambudi, nanging Kresna ngelingake supaya Bima aja lena, kaya ngapa kejeme Kurawa duk ing uni, kepara wis wola-wali goroh lan ngapusi, tanpa ngeculake Dursasana, Pendhawa mesthi menang. Bima banjur bangkit kanepsone, Dursasana gya kacandhak, tangane Dursasana dipotheng-potheng, ditugel nganti ucul saka ugel-ugel, ditendhang nganti adoh tiba tebane. Bima Sena sajak ngetok kanepsone, Dursasana sing wis buntung, awake banjur disebit-sebit, getihe diombe nganti tatas telas.
Ing prastawa kuwi dumadakan Dewi Wara Durpadi marak ing tengahing ayuda, gya nyedhaki Bima sing isih gudras ludira. Durpadi nate nadar menawa bakal ngombe getihe Dursasana karana ing lelakon duk ing uni Dursasana wani nggonjak Wara Durpadi. Ngerti menawa getihe wis entek, Bima Sena banjur meres brengos lan jenggote sing isih teles gupak rahe Dursasana banjur diusapake ing rikmane Dewi Durpadi.
Sawise Kurawa tumpes kelor, Ngastina banjur di jeki dening Pandhawa., mesthi wae kasatriyan Banjarjunut bakal ganti critane.
-Tancep kayon-
KJG-
Tidak ada komentar:
Posting Komentar